BAB 1
SERAT WEDHATAMA
Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung "serat" tegese tulisan / karya, "wedha" tegese wulangan / tuntunan, dene "tama" duwe teges utama / kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.
PANGKUR
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartaning,
Ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Pupuh Pangkur ing Serat Wedhatama ngemot tembung cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung "mingkar" tekan tembung "aji"
Paugeran tembang macapat Pangkur yaiku:
- Guru Gatra : Wewaton cacahe lirik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang Pangkur ana 7
- Guru Lagu : Wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasanegatra. Guru lagune tembang Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.
- Guru Wilangan : Wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembung Pangkur yaiku 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
BAB II
PITUTUR LUHUR ING CRITA WAYANG
Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.
Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki!
Dewi Kunthi
Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Shinta Kadhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang tumancep warayang mring hangganing kidang sanagsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi yaiku, manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem nengenake pikiran.
Dene tuntunan ing teks wayang Shinta Kadhusta yaiku, manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, serta setya.
BAB III
CERKAK
Cerkak iku cekakan saka crita cekak, Diarani crita cerkak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita uatawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae. Crita cerkak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).
Cerkak iki karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utama rekane pangripta / pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cerkak adhakane padha. Peranngan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur / plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
BAB IV
PAWARTA
Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani dening bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalaj, buletin lan sapanunggale. Dene kang medhia elektronik bisa katemokake ing radhio (media audio), televisi (media audio-visual), lan internet (media sosial).
BAB V
OMAH JAWA
Omah adate wong Jawa iku sejatine akeh jenise, kayata joglo, limasan, dara gepak, kampung, tajugan, lan liya-liyane. Ewa semono bebrayan ngertine omah adat Jawa yaiku joglo. Omah adat Jawa iku kaperang dadi telung bageyana. Perangan ngarep jenenge pendhapa, perangan tengah jenenge pringgitan, lan perangan mburi jenenge dalem ageng. Wangunan telung perangan iku duwe ciri lan makna filosofi dhewe-dhewe.
Pendhapa iku wangunane bladhahan (bukakan), ora nganggo tutup, diapit omah-omahan cilik kiwa lan tengen kang diarani pangrawit apitan lan tajuk mangkurat. Gunane kanggo nampa dhayoh (tamu) lan kanggo dolanan bocah-bocah. Maknane, dadi wong urip kudu seneng srawung karo wong liya, kiwa tengene. Srawunge ora kena mbeda-mbedakake.
Pringgitan iku papane antarane pendhapa karo dalem ageng Adhakane ana talange ditutupi ketep. Maknane pringgitan, sanajan anggone srawung karo tangga teparo iku ora kena mbeda-mbedakake, nanging kudu ngati-ati. Anggone srawung kudu nganggo talang (filter) supaya ora nemahi kahanan kang ora becik.
Dene dalem ageng dipantha dadi telung bageyan maneh yaiku senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen. Senthong tengah kagem bapak lan ibu., semthong kiwa kanggo anak-anak wadon, senthong tengen kanggo anak-anak kang lanang. Dalem ageng iki sipate pribadi, dadi wong liya ora kena lanyo-lanyo mlebu menyang dalem ageng. Makna kang dikandhut ing kene, rembugan kang sipate wadi kudu ana papan tutupan. Ora kena diumbar saenggon-enggon. Uga nggambarake menawa urusane bocah lanang iku kudu dipisah karo urusane bocah wadon.
sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
Baguss
BalasHapusSangat membantu👍
BalasHapusBagus bgt
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusBaguss👍
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusSemenjak Ada Ini Nilai Bahasa Jawa Saya Semakin Bagus Trimakasih Setiyawan APN
BalasHapusMakasih sangat membantu
BalasHapus